Powered By Blogger
www.skinpacks.com

April 27, 2012

Contoh Cerkak-Basa Jawa

SINDHEN

MANGKELING mangkel, ora kaya wong lagi pegel. Gelaning gela, ora kaya diblenjani tresna. Ora perduli bagus apa elek, ora perduli pinter apa bodho, Kabeh sami mawon. Jas bukak iket blangkon, sama jugak sami mawon. Mengkono uga Anjasmara. Mripate kelop-kelop, nyawang eternit sing ana ndhuwure peturone. Jane arep nyawang usuk, ning kaling-kalingan eternit. Dadi sing disawang mung eternit. Kang gambarane endah edi, kaya ukir-ukiran. Dhek wingi yen disawang katon edi peni, ning saiki kok ora. Dhek emben sawangane nggemesake ati, ning saiki kok mboseni. Anjasmara melek ora turu nanging atine bingung uleng-ulengan. Kepiye anggone ora, nduwe pacar siji wae nglungani ati.Description: 12.JPG

"Njas Anjas, aja ndongang-ndongong kaya sapi ompong. Kae kanca-kanca wis padha nglumpuk. Tangiya, aja ngglethak ana dhipan wae," swarane Sumani keprungu saka walike lawang kamar.

"Sapa....?" pitakone Anjas sakena-ne.
"Kae pacarmu barang wis dha ngenteni ana ndhapa," Sumani nerangake.

Krungu wangsulane Sumani ngono mau, Anjasmara gregah tangi. Pacare teka, edan ane. Perlu diaturake ing kene sing jenenge Anjasmara kuwi dudu Anjasmara ari mami jaman Menakjingga lan Damarwulan. Yen jaman Menakjingga, Anjasmara kuwi ayu kinyis-kinyis, eseme pait madu. Ning yen Anjasmara jaman komputer iki eseme ya nggregetake, ning yen sing nyawang kuwi wanita. Mula ora maido sakploke dheweke nggabung Orkes Campursari "Nyidham Sari" akeh wanita sing kapiluyu nyawang tukang ngendhang siji iki. Tujune dheweke wis dikondhangake pacaran karo penyanyine, sing jenenge Wulandari. Mula akeh wanita penontone campursari sing padha ngeses. Bejamu Lan, Wulan. Duwe pacar wae kok dhe-gus, gedhe tur bagus. Ya wis begjane Wulandari, nduwe hyang wae baguse setengah mati tur dhasare tunggal sak kuliahan, ing Sekolah Tinggi Seni Indonesia ing kutha Sala. Ya ora maido, sing jenenge Wulandari kuwi ayune tumpuk undhung. Baut njoged, pinter nyanyi campursari. Ya ora maido yen Anjasmara gandrung lan gandheng karo Wulandari. Tumbu entuk tutup. Sing lanang bagus, sing putri ayu. Sing lanang tukang ngendhang sing putri baut nembang.

Mula bareng Sumani mbengoki, Anjasmara tangi gregah, nguceg-uceg mripate, banjur mudhun saka peturon. Nyedhaki Sumani karo takon bisik-bisik, "Wulandari melu mapag mrene?"

Sumani mangsuli alon: "Mrene congormu kuwi. Wulandari ya neng desa Purwantara kana, karo bojone. Apa gunane ngenteni kowe, jaka tukang ngendhang, entuke job mung kala-kala. Luwih becik karo bojone sing anggota DPR. Blanjane tetep. Ora kaya kowe Njas, panji klathung, blanjane wae durung, yen turu njingkrung."

"Lha kok kowe kandha pacarku mrene?" celathune Anjasmoro karo mrengut.

"Lha pacarmu kuwi pira?" Sumani njegeges. "Kae....Nanik ya teka. Jare pacarmu serep?"

"Edan kowe," tembunge Anjasmara karo njotos lengene Sumani.

"Nik....Nanik, iki lho Anjas lagi tangi. Gereten metu." Sumani mbengok

"Mas piye, kendharaane wis siap?" pitakone Nanik karo marani kamare Anjasmara.

"Wis beres," wansulane Anjasmara alon.

"Beres beres, paling sing golek kendharaan ya aku," Sumani melu nyaut senajan ora ditakoni.

"Ngono-ngono rak uga kanggo kepentingan kanca dhewe ta mas?" celathune Nanik karo tumuju kamare Anjas.
"He, aja mlebu kamar dhisik, bocahe isih arep kathokan," pembengoke Sumani.
"Diangkrik, kana padha metuwa nyang kendaraan wae, tak dandan dhisik," celathune Anjasmara karo mlebu kamar maneh. Kanca-kancane padha munggah kendharaan. Tujuwane arep tanggapan menyang Purwantara, dhaerah kang mapan ana sawetane Wonogiri.

"Bangku sandhinge Nanik aja dienggoni lo, sudah dipesan. Mau dipakai Anjas," Sumani mbengok karo ngguyu. Liyanene melu ngguyu. Nanik mung mesem manis. Anjasmara ora isan-isin trus lungguh sandhinge Nanik.

"Kanca-kanca, minangka kancane Nanik aku matur nuwun dene dhek wingi wis padha rawuh ngestreni slametan neng Nanik," swarane Sumani ing sela-selane swara mesin kendharaan.

Nanik mencep, liyane ngguyu nyekakak, merga ngerti yen Sumani tukang gojeg. Anjas nyikut Nanik karo celathu,

"Ora sah digagas, ben muni sak unine cangkeme."
"Lha dhek emben kuwi Nanik rak syukuran, merga Anjas karo Wulan wis putus. Lha calone Anjas rak kembali ke Nanik," Sumani isih nrocos karo ngguyu.

Liyane padha ngguyu ger-geran. Jan jane Nanik kuwi ora nganakake syukuran. Kuwi mung guyone Sumani wae.

Sakdalan-dalan kanca-kanca Campursari padha cekakakan. Mung Anjas sing kelangan guyu. Dheweke mung mesam-mesem cilik nadyan semu kepeksa.

"Nik...mengko aja nyanyi "Wuyung" Utawa "Weke Sapa", ndhak Anjas ora bisa ngendhang," tembunge Sumani karo isih mbebeda.

Anjas nyikut bangkekane Nanik karo kandha lirih, "Ora sah kok tanggapi. Mengko yen kesel rak meneng dhewe cangkeme kuwi."
Lagi mingkem lambene Anjas, hand phone sing ana kanthongane muni. Nanik sing ngandhani. "Tilpun mas."

Anjasmara meneng wae terus ngrogoh sak-e, HP ditempelake kupinge. Nanik meneng tanggap sasmita.

"Halo, okey boss, bener aku tiga-tiga," Anjas mangsuli liwat HP ne.

"Anu....piye boss? Iki aku ana perjalanan. Nyang Purwantara dhaerah Wonogiri. Bener, aku bareng-bareng njagong nyang omahe Wulandari." Meneng sedhela sajaKe ngrungokake sing nilpun. Let sedhela wis sumaur: "Iki aku jejer dhik Nanik. Iya...tidak ada rahasia. Lha terus leh nangkep kapan? Yen cathetanku wis komplit boss, taksimpen ana disket, taktengeri RHS. Iya, isih ana kantor. Wis ya bengi iki mengko bubar main Campursari aku bali, tak njujug omahmu boss." HP dipateni terus dikanthongi.

Sumani sing lungguhe ora adoh mbengok, "Edan Njas, lunga nyang Purwantara, sambene ndhempel pacare, isih ketambahan ditilpun boss-e. Mesthi entuk job sing penting".
Anjas meneng wae karo mesem. Nanik sing nrenjel takon: "Ana apata mas, boss-e?"
"Biasa, kabar gaweyan. Aku dikon bali, penting," jawabe Anjasmara.
"Lha kok isih semaya?" pitakone Nanik.
"Wis kadhung jejer cah ayu kok dipisahke. Ya emoh ta?" wangsulane Anjas
nggodha. Sing digodha njiwit lengene Anjas. Jane ya lara, ning wong sing njiwit bocah ayu ya nggleges wae.

"Tutugna leh jiwit-jiwitan," pambengoke Sumani. "Kancane uyel-uyelan kaya ngene, kono mat-matan sakepenake dhewe," Krungu celathune Sumani mau kabeh dha ngguyu mak gerr, nanging Anjas karo Nanik meneng wae. Nanik nutupi pipine sing abang merga isin, Anjas isih gawang-gawang swarane boss-e mau. Kabar seneng nanging uga gela. Seneng merga boss-e ngabari, yen Rudy Pancadnyana, anggota DPR calone Wulandari, saiki wis ditangkep polisi, jalaran nylewengake dhuwit APBN. Sing mbongkar pokale Rudy kuwi klebu Anjasmara sing uga wartawan ing kutha Sala. Malah laporan penting ana disket-e Anjas ing kantor. Mula yen dina iki mengko boss-e nemokake diskete, ora wurunga Rudy ora bisa endha maneh. Durung yen ketambahan interogasine polisi.

Sing dibingungake Anjasmara, nasibe sing repot. Yen Rudy ditangkep polisi, mangka bengi iki uga dheweke kudu menyang Purwantara nglamar Wulandari, wis mesthi gagal, ora sida. Sing untung Anjas. Nanging kabeh wong padha mangerti menawa ditangkepe Rudy, merga laporan ing korane Anjas. Pikire wong-wong mesthi iki trekahe Anjas anggone berjuang ngrebut Wulandari. Paling ora, wong sak Orkes "Nyidham Sari" padha mangerti persaingan Anjas karo Rudy rebutan sindhen Campursari. Durung pikiran liya. Yen dheweke balen karo Wulandari, lha njur Nanik piye? Loro-lorone sindhen Campursari. Ayune padha, padha dene leh uleng-ulengan. Anjas ngeses-ngeses karo gedrug-gedrug.

"Ana apa ta mas?" pitakone Nanik alon, karo mesem.

Anjas mung mengo karo nggleges:"Pipimu kuwi lho, yen mesem dhekik nggregetne," celathune sakecekele wae timbang ora mangsuli.

"Ah.... mas Anjas," Nanik mbales karo njiwit lengen. Sing dijiwit isih bingung.*

ING MILO WAYAH SUMURUP SORE
Deneng: LP
Udan gerimis sore iku , ing milo wayah sumurup sore. Aku mlaku karo nyikep buku. Ing pojok Gedhung Pancasila sakwetan SMP 2 Semarang. Akeh pawongan nom tua pada kubeg rebutan angkutan. Ya wis mangkana iku adate, Yen aku bali kuliah sore, ora mung bocah STM 5 ,nanging uga para tukang bangunan campur dadi siji karo bakul kang nembe bali saka Johar. Aku isih mlaku, thimik-thimik amarga ngelih wiwitsubuh mau nganti magrib during satetes banyu mlebu ing wetengku. Brak… Saka mburi aku ditabrak Nom-noma kang nggawa gambar gedhe. Sajake kesusu nanging nuli mandheg mandeng aku.
“Pangapurane ya, aku rak sengaja.” Ujare karo ngrewangi jupuki buku diktatku. Aku mung mesem, sedela mendelik merga gambare nuthuk bathukku. Awakmu tambah kaget,
“ Aduh salah maneh, maaf ya, Aku Arif mahasiswa semester VI tehnik Sipil UNDIP” Ujarmu karo nyalamani aku. Kanthi rasa abot dak jangkep uga tanganmu.
“Aku Laras, Mahasiswa bahasa Jawa Smt VI Unnes.” Balesku karo setengah jengkel nuli mlaku menyang took cilik. Dak Candak banyu mineral kanggo ngluruhke rasa garing ing tenggorokanku.Alhammdililah hangkep uga pasaku dina kemis iki. Aku kaget nyawang Awakmu kang ngadheg ngejejer ing ngarepku.
“Pasa Ya. Ayo buka pisan.” Ajakmu karo nggandeng aku munggah anggkutan menyangpedurungan. Anehe aku manut wae nututi langkahmu.
Warung Ijo Pojok Pedurungan, ing kono awakmu nuli nagajak aku mudhun, buka sedela.Karo rasa isin aku nyawang sliramu kang ngemeske nggone nglaras rasa. Sajak enak banget. Padahakl aku kang pasa sedina ya biasa wae ngrasakake masakane.
“ Arif jenengku Arif Rahman Hakim “ Ujarmu maneh kang ndadekake aku guyu.
Nanging kang diguyu malah mesam mesem.
“Aku ngerti kok , Awakmu Larasati Indraswari. Wiwit telung taun kepungkur ketemu nanging dak tau gatekke aku.”
Aku tambah kaget, sajak ora percaya, nanging Arif anggone kandha sajak yakin banget. Aku mesem maneh.
“Aku gumun kok Pedebanget awakmu, kaloro jenengmu kaya pahlawan ampera”
Mripatmu mendelik grunggokake omonganmu. Nuli guyu maneh.
Wiwit iku aku saben dina ketemu Sliramu, Ing Milo wayah sumurup sore. Dadi kabiasan yen tan ana guyonmu rasane kaya ana kang ilang. Esemu, gingsulmu, lan polah kang apa anane nadadekake tambah kesengsem atiku. Nanging jinejere aku wanita jawa ya mung bias ngedem rasa. Ora bisa ngudal persaan, apa maneh kandha kasunyatan marang pria.
“ Minggu ngesuk aku lunga menyang Cilacap. Awakmu bali dewe ya. Udak suwe kok Ras, mung telung wulan. ” Kandhamu sore iku ing sisihku. Aku guyu. Dak thuthuk sirakmu nganggo makalah. Nuli dak tarik topimu. Rasane lucu nyawang sliramu kang abot arep lungan nindhakke kewajiban KKL. Padahal ngerti yen KKL iku wajib hukume kanggomu. Menyang ngendi maneh yen ora ing Cilacap, ketimbang Cilegon tambah luwih adoh, manggkono ujar bathinku. Nanging aku mung meneng ngrugokake kabeh preentasi tugas kuliah kang kudu kok ijabahi.
“Ras, kok malah gya-guyu. Aku lunga telung wulan e, Sajak dienggo guyon’
Wangsulanmu karo nggremeng
“ Pas to yen awakmu bali , ganti aku kang mangkat KKN menyang Batang ora suwe kok among sepuluh minggu” Aku mlaku ninggalke awakmu. Karo lungkrah awakmu ngetutake lakuku mlaku ing trotoar tumuju Milo wayah sumurup Sore.
“Ras, apa tresna ing satlerap mata iku ana?” Pitakonmu karo nyelekke gambar rancanganmu. Aku isih mlaku karo gelengke sirah
“Tresna apa, tanpa kenel ketemu trus jatuh cinta, Wah gombal” Semaurku karo mlaku nyebrang ingMilo. AWakmu nututi, ulatmu peteng, ngembeng rasa ebuh karo sapa.
“Sajake nembe lara wuyung ya Rif, Wah beja temen kang kosenengi. Wis bagus, kalem, calon ST, Pertambangan maneh,” Celathuku karo mangan roti baolu kang kowenehake.
“ Kudune kaya mnegkono, nanging dhewewkw ora krasa.” Aku guyu. Dak thuthuki topimu ngganggo gambarmu. Sajak lucu temen nyawang awakkmu ditolak bocah wadon. Satlreman aku meneng, sedih uga jebule awakmu wis duwe bocah wadon sir-siran. Ya ra pap jatuh cinta hake manungsa. Tugasku kuliah, ngudi ngelmu kanggo masa depan. Aku ora kena patah hati, apa maneh ulang semangat mung merga ngerti Arif wis duwe pacar. Arif meneng tangan kenceng gengem drajiku. Aku dadi rada glagepan. Sore iku awkamu ninggalke aku.
Telung wulan wis kwlakon. Saka kadohan awakmu ngundhang aku. Katon cahya sumunar. Embuh amarga apa. Ajku isih ngganggo klambi ireng putih nembe bubaran pembekalan KKL. Tanganmu nyender ing pundhakku, karo mesem. Tanganmu gawa kalung mutiara kang endah. Ko gengemake ing drajiku.
“ Sesuk aku budal KKN” pamitku. Awakmu manthuk. Nuli gandheng aku lunga saka pojok Milo.Ing jerone bathin kepengen aku kandha, aja diculke tanganku. Lan aku uga kepengen melu awakmu. Arif guyu. Tangane narik kudungku.
“He, gunung Es, lingaa kanthi atimantep. Dadia wanita kang ngerti tanggung jawab, marang tugas,agama lan wong tua. “ Arif gengem drajiku. Ajku malah guyu ngakak sajak lucu nyawang ahli fisika kaya deweke dadi melankolis.
“Ra kana sing lucu, aku uga arep pamit.” Tembungmu karo nyerahake layang panggilan kontrak kerja Pertamina ing Banggka Belitung. Mataku dadi teles. Embuh banyu saka ngendi iku.
“ Mbesuk aku ora bisa maneh jaga awakmu, yen bali sore ing milo kene. Aku kudu mangkat, merga iku kabeh pangangene mahasiswa Teknik. Kewajiban melu bangun Negara Jaremu. “ Ujarmu maneh, aku mung meneng. Aku wanita jawa kudu bisa tut wuri marang pria, apa maneh pria utama kang duwe orestasi becik kaya Arif. Awaku dadi tanpa daya, Sore iku Wayah Sumurup Sore awakmu ninggalke aku.Siji kang dak eling saka ujarmu”Tresna ing saktlerap mata, kapisan ketemu iku ana Ras. Wong lanang aja digebyah uyah, asin kabeh. Aku Arif kayunyun marang Sliramu.” Aku mung nangis, Katone bener Rif Sliramu sijine pria kang beda. Kabeh wis ilang dadi peteng repet-repet kayah srengenge kang angslup ing wayah sumurup sore ing Milo.



BU GURU
Description: https://blogger.googleusercontent.com/img/b/R29vZ2xl/AVvXsEhqcW8uUupW5LCvi4NExVU5qC9Kh6MFz-_jhjnXbYYPFgRhAa40bnD5me1K7N4cMjli1KJ2wSL9tieQgiZqBDm5FTOUwrZ7_86kq8aPQhEZsXLbkuStzxEY_8Tz1i18mfBYM9NKz481nua4/s320/06-05.JPGYEN ing kampungku ana jeneng Bu Guru, sing dimaksud mesthi Bu Warsini garwane Pak Marno. Bu Warsini ora dadi guru, nanging dadi bojone Pak Marno sing dadi guru SD. Malah Bu Ratmi, Bu Jamilah sing ngasta dadi guru wae ora diundang tau Guru. Undang-undangane ya mung Bu Ratmi, Bu Jamilah ngono wae. Semono uga Bu Tarmi lan Bu Kasmi sing kakunge uga ngasta dadi Guru, undang-undangane ya ora Bu Guru, nanging mung Bu Tarmi lan Bu kasmi ngono wae.

Dadi yen ana wong ngomong Bu Guru, sing dikarepke mesthi Bu Warsini iku. Amarga ing kampungku sing dadi guru dhisik dhewe ya mung Pak Marno sing saiki wis pensiun iku. Senajan Pak Marno wispensiun, Bu Warsini isih tetep diundang Bu Guru.

Njur apa critane Bu Guru, ya Bu Warsini iku? Critane Bu Guru iku ora duwe anak lanang. Nalika semana, anake lima wadon kabeh. Mangka jaman saiki anak lima iku ya wis kepetung akeh. Mula Pak Marno tansah ngandhani marang garwane iku, supaya melu ka-be. Yen manut istilahe Pak Wisnu, ka-be iku yen dijawakake dadi keluwarga rinancang. Nanging Bu Guru kipa-kipa ora gelem, amarga isih kepengin duwe anak lanang, Nganti Pak Marno judheg.

"0, alah Bu, mbok wis trima. Wong anakmu ya wis lima ngono. Mengko yen wis padha duwe jodho, kowe rak ya duwe anak lanang ta? Senajan mung anak mantu, rak ya padha wae ta; kuwi ya anakmu."

"Ya beda Pak, anak mantu kok karo anak leh mbrejelke dhewe..."

"Bedane nggon ngendi? Apa yen anak mantu kuwi ora gemati? Akeh lho Bu contone, anak mantu utawa anak angkat kuwi malah luwih ngerti marang wong tuwa! Coba kae, Parmanto anak angkate Pak dhe Sastro kae, pendhak sasi sowan nggawa gula teh; isih oleh-oleh bandeng, endhog; mangka mengko yen mulih isih ninggali dhuwit. Balik anak-anake, endi sing ngerti karo wong tuwa? Mara pendhak bakda wae sok-sok ora?!"

"Embuh gemati embuh ora, ngerti karo wong tuwa apa ora, nanging rasane ora kaya yen duwe anak lanang dhewe, pak! Bisa dipamerke marang liyan gilo iki anakku sing lanang sing nggantheng, ah pokoke aku isih kepengin duwe anak lanang!”

"Ya uwis yen ora kena takkandhani. Wong dieman kok ora kena. Kudune kowe kuwi wis leren ora nglairake....."

Aja maneh kok Pak Marno sing bojone Bu Guru, senajan Pak Ketua RT, Pak Ketua RW, apadene pak Bayan; kabeh padha nganjurake melu ka-be. Nanging Bu Guru tetep mbeguguk nguthawaton, ora gelem melu ka-be. Pak Marno ganti pekewuh saben-saben diparani perangkat kelurahan iku. Sidane bojone direpa-repa.

"Ya manuta pemerintah ta Bu, melua ka-be....”

"Wegah! Wegah tenan aku pak! Wong diaturi aku iki isih kepengin duwe anak lanang, kok dikon ka-be; pokoke aku gemang!"

"Mengko dhisik ta, aku iki ora malangi kekarepanmu duwe anak lanarg, nanging aja mbangkang dhawuhe pemerintah ngono kuwi...."

"Lha trus piye, nek ora oleh mbangkang?"


"Dhaftarna ka-be nyang Bu Bidan, mengko njupuka pil wae! Mbokpangan pile ya kena, ora ya kena! Ning ketoke rak wis melu kabe, ngono lho karepku!"

"Dadi saben sasi mengko aku nyadhong jatah pil?"

"Ha iya! Bu Bidan rak ngira yen kowe wis melu ka-be tenan."

"Ya wis, nek ngono aku ngalah. Ning aku aja mbokpeksa melu ka-be tenan lho, Pak!"

"Ora-ora! Aku ora arep meksa. Kowe melu ka-be temenan kanthi kesadharan, aku malah seneng, ora arep meksa...:'

Bu Guru mencep krungu tembunge sing lanang mengkono iku.Sidane Bu Guru dhaftarake melu kabe temenan. Nanging mung ethok-ethokan. Saben sasi nyadhong jatah pil ka-be ing omahe Bu Bidan. Nanging pil cadhongan iku ora tau dipangan, nanging mung ditumpuk ing laci mejane. Bu Bidan ngira Bu Guru iku wis melu kabe temenan. Nyatane nganti wektu nem sasi Bu Guru durung katon ngandheg maneh.

Nanging sakbubare kuwi, Bu Guru wis ora nyadhong jatahe pil kabe maneh. Malah wis telung sasi dheweke ora ngaton ing omahe Bu Bidan. Mula Bu Bidan meneng-meneng mbatin marang Bu Guru. Ya gene garwane Pak Marno iku ora njaluk jatah maneh. Mula nalika pertemuan PKK, bab iku ditakokake marang Bu Guru.

"Bu Guru kok sakmenika mboten mendhet jatahipun pil kabe?"

Karo klimputan Bu Guru wangsulan setengah bisik-bisik. Ngapunten Bu Bidan, kula kebobolan malih. Kesupen mboten nedha pil tigang dinten, lha kok ngandheg malih,...."

"Wooo...,ngaten ta?" Bu Bidan mlenggong semu maido.

"Kula rumiyin rak sampun matur, menawi kesupen mboten dhahar pil ka-be, pendhak dintenipun dipundhobeli...."

"Wong kemutan-kemutan sampun tigang ndinten kok, Bu! Dospundi malih?!

Nanging Bu Bidan ora arep ndedawa crita, malah batine - priksa karepmu, ora mriksakake ya sakkarepmu-, akibate mboktanggung dhewe.

Nyatane sajerone ngandheg sangang sasi Bu Guru mung mriksakake kaping pindho. Mula ora mokal yen anggone nglairake rada rekasa. Bu Bidan ora saguh nangani. Sidane Bu Guru digawa menyang rumah sakit, amarga mung dhokter sing keconggah nangani.

Diinfus nganti ngentekake pirangpirang botol, parandene bubar nglairake meksa katon nglentrih tanpa daya amarga kentekan tenaga. Malah kober ora eling barang. Tujune isih bisa dislametake. Ya mung rada akeh wragad sing kudu diwetokake.

"Putra njenengan estri," ngendikane dhokter ngandhani.

Sing dikandhani ora wangsulan. Mripate kethap-kethip. Ngertia yen anake iku bakal metu wadon maneh, athuka dheweke rak melu ka-be temenan, ora ethokethokan kaya dhek emben. Bu Guru gegetun, nanging wis kebacut.

Sidane kanthi kesadharan dheweke njaluk disteril pisan. Bu Guru lagi pasrah marang panguasane Sing Maha Kuwasa sing nakdirake dheweke ora duwe anak lanang. Bu Guru wis bisa mupus.

Saiki pepenginane duwe anak lanang genti malih dadi kepengin duwe putu lanang, amarga anake mbarep wis omah-omah taun kepungkur. Mula pepenginane iku dikandhakake marang Ndari sing cekel gawe dadi guru SD.

"Aku wis trima kok Ndhuk ora diparingi anak lanang! Ning mugamuga wae anakmu mbarep iki mbesuk metu lanang..."

"Ah, Ibuu....' wong kula kepengine anak estri kok!"

"Sebabe?"

"Ha inggih, anak estri menika umumipun mboten nakal. Umur nem taun sampun saged dipunkengken...Yen anak lanang?"

"Nanging ora kaya nek anak wadon duwe, anak lanang ya duwe. Gandheng anakku nenem wis wadon kabeh, sirku anakmu kuwi tak suwun metua lanang; ngono lho!"

"Ha-ha-haa, Ibu ki aneh! Wong kula sing arep diparingi momongan, kok njenengan sing nyuwun!"

"Witikna, anak nenem wadon kabeh;lumrah ta nek njur kepengin putu lanang?"

"Nggih mugi-mugi kadumugen kepengin panjenengan, Bu!"

Ndari - bbarepe Bu Guru iku - ngalahi rembug. Nanging batine tetep kepengin duwe anak wadon.

Temenan. Bareng jabang bayi lair, jebul metu wadon. Ndari rumangsa lega dene anake mbarep metu wadon temenan. Kosok baline Bu Guru sing mbrabak arep nangis. Kaningaya temen uripku! Kepengin duwe anak lanang ora klakon, ngarep-arep putu lanang, jebul malah wadon maneh.

Putune Bu Guru wis umur telung taun. Wong wadon iku gemati banget marang putune iku. Senajan wadon, rasane beda momong anak karo momong putu. Seminggu wae ora weruh putune, mesthi wis mara niliki. Malah nganti kepara nglalekake marang anak-anak liyane. Kala mangsane padha diece dening anak-anake.

"Ibu ki jare ora seneng putu wadon, ewadene kok kaya ora ana dina gothang, mesthi niliki putune...." ature anake ragil.

"Hus, kowe kuwi durung ngrasakake duwe putu, coba mbesuk yen wis diundang Mbah kakung, rasakna!"

Yen wis ngrembug prekara putu, banjur mrembet-mrembet tekan ngendi-endi. Pak Marno barang sok melu nimbrung rembug. Geguyonan ngono iku dadi kerep kedadeyan. Bu Guru dikroyok anak-anake lan bojone. Malah Pak Marno sing pinter dhewe mbebeda.

"Yen manut ramalanku, anake Ndari sing nomer loro iki metu lanang bakale. Kowe nadhzar apa, Bune?" kandhane Pak Marno.

"Embuh Pak, ora nggagas putu lanang! Wedok ya ben, lanang ya ben!" wangsulane Bu Guru nyenthe-nyenthe, jalaran rumangsa dibebeda dening bojone.

"Wong ditakoni apik-apik, kok wangsulane kaya ngono "

Sauntara iku ana nom-noman mudhun saka sepedha motor, sajake kongkonane Ndari anake wadon. Mlebu ngomah langsung kandha.

"Nyaosi priksa, Mbak Ndari babaran!"

"Hah, Ndari nglairake, lanang pa wadon?"

"Jaler!”

Krunqu anake Ndari lanang, sakala Bu Guru lunjak-lunjak karo nangis ngguguk. Lagi iki pepenginane duwe putu lanang kelakon.*


Dening:Nurmin/ Panjebar Semangat-05/2006

0 komentar:

Post a Comment

Share

Twitter Delicious Facebook Digg Stumbleupon Favorites More